Pengertian Novel : Jenis, Ciri - Ciri dan Unsur Novel Bahasa Jawa

Pengertian Novel : Jenis, Ciri - Ciri dan  Unsur Novel Bahasa Jawa

Ardhanapedia- Kali ini saya akan menjelaskan teks novel dalam bentuk bahasa jawa. Saya akan menjelaskan arti novel bahasa jawa. Saya juga akan menjelaskan jenis, ciri- ciri dan unsur novel bahasa jawa.

Pangerten Novel

Novel yaiku crita awujud prosa kang dawa lan jembar. Novel mujudake sawijine andharan kang jero babagan sawijine tema kang ditelatake lumantar crita uripe sawijine wong karo wong-wong kang ana ing sakiwetengene. Novel iku sawijine crita kang nyitakake paraga-paraga wiwit nalika isih enom utawa utawa nganti tekan tuwa. Crita kasebut lumaku wiwit saka adegan siji nganti adegan liyane lan saka papan siji menyang papan liyane jrone wektu kang suwe. Unsur kang paling ngegla jrone novel yaiku konflik. Malah bisa diarani manawa novel mujudake rantamam saka sakehing konflik kang ndhapuk dadi siji. Novel kang nyenengake lan narik kawigaten padatan ngemot konflik-konflik kang gawe kaget utawa ndadak.

Jenis-Jenis Novel

Jenis novel ana 2, yaiku.
  1. Novel Serius, Novel serius yaiku novel kang surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese, wong kang maca bisa dadi pribadhi kang luwih becik Novel serius nduweni piguna sosial.
  2. Novel Hiburan, Novel hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut Novel hiburan nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin ngrampungake anggone maca.

Ciri-Cirine Novel

ciri-ciri novel ana 3, yaiku.
  1. nduweni alut / plot kang kompleks
  2. tema ing novel orang mung siji, nanging tuwuh tema-tema sampingan. Mula saka iku, Pengarang novel bisa ngrembug sakehing utawa meh kabeh perkara.
  3. paraga utawa watak jrone novel bisa akeh. Jrone novel, pengarang kerep nguripake paraga akeh kang saben paraga bisa digambarake ndhewe- ndhewe kanthi komplit, wutuh lan gamblang.

Unsur Novel

Unsur Novel kaperang dadi 2, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik novel yaiku unsur kang langsung mbangun novel lan ana  ing njero novel kasebut. Dene, unsur ekstrinsik novel yaiku unsur kang ana ing sal njabane novel. Unsur ekstrinsik ora sesambungan utawa gegayutan langsung jrone mbangun sawijine novel.

Unsur intrinsik novel antarane :

1. Tema

Tema yaiku ide dasar utawa gagasan pokok kang ndahasari novel.

2. Alur

Alur mujudake rantaman utawa urut-urutan kadadeyan kang ana jroning novel.

3. Tokoh utawa Paraga

paraga lan watake gegayutan karo pelaku jroning novel.

4. Sudut Pandang 

yaiku carane penulis novel nyritakake utawa segi pandang penulis jrone cerita. Sudut pandang gegayutan karo panganggone tembung sesulih utawa kata ganti jrone crita dening penulis. Ngunakake tembung sesulih utawa purusa, madyasa purusa utawa pratama purusa.

5. Latar

Latar yaiku papan lan wektu kadadeyan crita jroning novel.

6. Gaya Bahasa

Gaya bahasa gegayutan karo karo panganggone basa dening penulis jrone novel kasebut.

7. Amanat

Amanat yaiku pesen kang kinandhut ing sajrone novel. Pesen kasebut racake/padatan mujudake piwulang moral kang sipate ndhidhik.


Dene unsur ekstrinsik jrone novel yaiku.

1. Latar belakang budayane penulis novel

2. Pendidikane penulis novel

3. Pengalamane penulis novel

Itulah penjelasan singkat tentang pengertian, jenis, ciri-ciri, dan unsur novel bahasa jawa. semoga bermanfaat.

Post a Comment

Previous Post Next Post

Contact Form